DHUH GUSTI
duh Gusti... kawula nyadhong duka ngrayah lemah tanpa wayah ngeruk bumi tanpa ati

dhuh Gusti
banyu udan
nreces tumibeng bantala
tan saya suwe
solah bawa tanpa aran
surem diwangkara
banjir tan kena piniyak
mendung angendhanu
prasasat luh langit sap pitu
mbembeng ing angkasa
nir sumunaring bagaskara
ampak-ampak nyureng kereng
.
sinawang mangu-mangu
merga udan ora mandheg
rapal donga sedalan-dalan
banyu banjir seratan-ratan
duh Gusti...
kawula nyadhong duka
ngrayah lemah tanpa wayah
ngeruk bumi tanpa ati (mo)
Karipta dining Mbah Atmo Kulonkali
What's Your Reaction?






